Sunday, August 14, 2011

PIDATO PERINGATAN NUZULUL QUR’AN

السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى أَنْزَلَ الْقُرْاَنَ هُدًى لِلْمُتَّقِيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى اَشْرَ فِ اْلاَنْبِيَءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَا بِهِ أَجْمَعِيْنَ. أ مّا بعد. فقال الله تعلى فى القرآن العظيم : إِنَّا نَحْنُ نَزَّ لْنَا الذِّ كْرَ وَاِنَّا لَهُ لَحَا فِظُوْنَ.
Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin-hadirot ingkang kulo hormati !
Lewat suasana ingkang indah, cerah, terang benderang saat meniko monggo kulo lan panjenengan sedoyo tansah muji syukur dateng ngersanipun Alloh SWT. Ingkang sampun paring Rahmat, Nikmat dateng kito sedoyo sehingga ing saat meniko, kulo lan panjenengan saget bersilaturrohim wonten ing meniko majlis ingkang mubarok, dalam rangka menghadiri acara peringatan “Nuzulul Qur’an” ingkang kados meniko meriyahipun.
Ingkang kaping kalih sholawat soho salam sejahtera Alloh mugi tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho poro ahli keluarga lan sahabatipun. Amin
Poro Bapak, Poro Ibu ingkang kulo hormati !
Kisah perjalanan manusia gesang wonten ing alam dunia menuju dateng Alam akhirot meniko saget kito ibarataken kados dene seorang musyafir ingkang lagi menyebrang lautan, menuju sebuah pantai. Utawi kados dene tiang ingkang lagi kesesahan nyebrang segoro mawi sebuah perahu menuju suatu pantai (pelabuhan), sampan sakmestinipun tiang ingkang lagi nyebrang. Meniko wonten ing tengah perjalanan memaggihi pinten-pinten halangan lan rintangan. Kadang-kadang si musafir lagi tenang-tenang wonten nginggil perahu tiba-tiba angin datang meniup. Kadang-kadang badai dan gelombang menggelegar ombak menyeberang. Ia memenuhi suasana ingkang kados mekaten meniko kok si musyafir meniko lengah anggenipun mengemudi, utawi boten gadah gondelan ingkang kukuh, saget-saget kapalipun meniko numplek lan tenggelam wonten ing tengah-tengah lautan. Akhiripun mboten saget dumugi dateng suatu tujuan.
Poro rawuh ingkang kulo mulyaaken !
Semanten ugi kito gesang wonten Alam dunia menuju dateng alam akhirat. Meniko sering kito panggihi pinten-pinten cobaan lan rintangan. Kadang-kadang tiang gesang meniko dipun coba kalian Alloh di timpa kemiskinan, ekonomi kirang mencukupi, kadang di coba putrinipun sakit, usaha sesuatu boten berhasil lan sanes-sanesipun lan kangge menanggulangi hal meniko, Alloh sampun nurunaken kitab Al-Qur’an, ingkang supados damel pedoman gesang wonten ing alam dunyo supados saget wilujeng lan bahagia wonten akhirat. Dawuhipun Alloh surat Al-Hajr ayat songo :
إِنَّا نَحْنُ نَزَّ لْنَا الذِّ كْرَ وَاِنَّا لَهُ لَحَا فِظُوْنَ
Ingkang artosipun :
“Sa’temene ingsun wis nurunake Al-Qur’an sa’temene Ingsun tetep jogo marang Al-Qur’an.
Poro rawuh, ugi wonten ayat lintu Alloh dawuhaken wonten surat An-Nahl : 89
Ingkang artosipun :
“Lan ingsun nurunake maring siro (Muhammad) kitab Al-Qur’an kangge jelasake sekabehe perkoro. Lan minongko dadi pituduh lan Rohmat lan kabar gembira tumrape tiang Islam”QS. An-Nahl : 89).

0 comments:

Post a Comment